A A A A A
Facebook Instagram Twitter
Javanese Bible 1981

2 KORINTA 7



1
Kang iku sarehne kiat kaparingan prasetya-prasetya mau, para kekasih, mulane payo kita padha nucekake badan kita saka sarupaning jejembering daging lan ing roh, lan kalawan mangkono kita nyampurnakake kasucen kita ing sajrone wedi-asih marang Gusti Allah.
2
Aku padha wenehana papan ana ing atimu; aku ora tau kaluputan karo wong, ora gawe pitunaning wong lan uga ora ngasil-asil marang wong.
3
Anggonku kandha mangkono iku ora marga saka arep matrapi paukuman marang kowe, awit mau wus dakkandhakake, manawa kowe wus oleh papan ana ing atiku, temahan kita bareng urip lan bareng mati.
4
Karo kowe iku aku blak-blakan banget, lan uga banget anggonku ngegung-egungake kowe. Sajrone aku padha nandhang susah, aku kebak panglipur, lan kaluberan kabungahan.
5
Nalika aku padha teka ing tanah Makedhonia, aku padha ora bisa tentrem. Malah ana ing ngendi-endi aku padha nemu kasusahan: ing jaba tarung lan ing jero was-sumelang.
6
Nanging Gusti Allah kang nglipur marang wong kang padha lembah atine iku wus nglipur aku kabeh marga saka tekane Titus.
7
Ora marga saka tekane bae, nanging uga marga saka panglipur kang dialami ana ing tengah-tengahmu. Awit dheweke wus nyritakake marang aku mungguhing kangenmu, panggresahmu, katemenanmu anggonmu mbelani aku, temahan saya wuwuh kabungahanku.
8
Dadi sanadyan aku wus gawe sedhihmu marga saka layangku, nanging aku ora kaduwung. Pancen aku tau kaduwung, marga aku sumurup manawa layang iku nyedhihake atimu, sanadyan mung sawatara mangsa,
9
nanging saiki aku bungah, ora marga anggonmu wus sedhih, nanging marga kasedhihanmu iku njalari kowe mratobat: sabab anggonmu padha sedhih iku nyondhongi ing karsane Gusti Allah, temahan sathithik bae kowe ora dakrugekake.
10
Sabab kasusahan kang nyondhongi karsaning Allah iku nuwuhake pitobat kang nuntun marang karahayon kang ora gawe getun, nanging kasusahan kang saka ing jagad iki nuwuhake pati.
11
Sabab padha gatekna: kasedhihan kang nyondongi karsaning Allah iku malah marakake kowe padha temen banget, malah nuwuhake panjawab, gela, wedi, kasregepan, pameleh! Ing bab iku kabeh kowe wus padha nelakake manawa ora kaluputan ing prakara iku.
12
Mulane, anggonku wus nulis layang marang kowe, iku ora marga saka ana wong kang luput, utawa marga saka ana wong kang nandhang susah, amarga kapanduk ing kaluputaning liyan mau, nanging supaya tetelaa tumrap kowe gumatimu marang aku ana ing ngarsane Gusti Allah.
13
Iya marga saka iku aku padha kalipur. Lan kajaba saka panglipur iku, aku padha saya bungah maneh amarga saka kabungahane Titus, sabab kowe kabeh wus padha ngayemake atine.
14
Sabab manawa aku nglairake pangalembana tumrap kowe marang Titus iku kowe ora gawe gelaku; nanging padha kaya anggonku tansah ngandhakake apa kang bener marang kowe, samono uga pangalembanaku ana ing ngarepe Titus iku iya wus kayektenan temenan.
15
Lan katresnane marang kowe saya mundhak gedhe, yen ngelingi marang pamanutmu kabeh, kapriye anggonmu nampani tekane kalawan wedi lan geter.
16
Aku bungah banget, dene aku bisa kumandel marang kowe ing samubarang prakara.











2 KORINTA 7:1
2 KORINTA 7:2
2 KORINTA 7:3
2 KORINTA 7:4
2 KORINTA 7:5
2 KORINTA 7:6
2 KORINTA 7:7
2 KORINTA 7:8
2 KORINTA 7:9
2 KORINTA 7:10
2 KORINTA 7:11
2 KORINTA 7:12
2 KORINTA 7:13
2 KORINTA 7:14
2 KORINTA 7:15
2 KORINTA 7:16






2 KORINTA 1 / 2KO 1
2 KORINTA 2 / 2KO 2
2 KORINTA 3 / 2KO 3
2 KORINTA 4 / 2KO 4
2 KORINTA 5 / 2KO 5
2 KORINTA 6 / 2KO 6
2 KORINTA 7 / 2KO 7
2 KORINTA 8 / 2KO 8
2 KORINTA 9 / 2KO 9
2 KORINTA 10 / 2KO 10
2 KORINTA 11 / 2KO 11
2 KORINTA 12 / 2KO 12
2 KORINTA 13 / 2KO 13