A A A A A
Facebook Instagram Twitter
Javanese Bible 1981

IBRANI 12



1
Sarehne kita duwe seksi akeh banget, kayadene mega kang ngupengi kita, mulane payo padha mbuwang sakabehing momotan sarta dosa kang tansah ngganggu-gawe kita, sarta kalawan mantep padha lumayu ing pabalapan kang kawajibake marang kita.
2
Payo padha kita lakoni kanthi mandeng marang Gusti Yesus, kang nuntun kita ing sajroning pracaya sarta kang ngasta pracaya kita marang kasampurnan, kang ora ngetang kanisthan manggul salib kalayan mantep, sulihing kabungahan kang kacawisake kagem Panjenengane kang samengko lenggah ana ing tengening dhampare Gusti Allah.
3
Padha tansah elinga marang Panjenengane kang mantep anggone nahanake pambantahe para wong dosa kang nganti samono iku marang Panjenengane, supaya kowe aja nganti padha lesu sarta semplah.
4
Anggonmu perang nanggulangi dosa iku durung nganti padha ngwutahake getih.
5
Sarta apa kowe wus padha lali marang pitutur kang kadhawuhake marang kowe kaya marang para putra: “He anakku, aja nyepelekake panggulawenthahe Gusti Allah, sarta aja padha nglokro manawa kowe dielingake;
6
amarga Gusti Allah matrapi marang kang ditresnani, sarta nggebagi kang kaanggep putra.”
7
Manawa kowe padha ngalami dipatrapi, dadi kowe karengkuh putrane Gusti Allah. Endi ta ana anak kang ora tau dipatrapi dening bapakne?
8
Nanging manawa kowe ora tau dipatrapi, kang kudu kasandhang ing saben wong, dadi kowe dudu putra, nanging anak jadah.
9
Sabanjure; saka bapa kita kang sabenere, kita wus kapatrapan, mangka iku padha kita eringi, mendahane maneh manawa kita oraa kudu sumuyud marang Ramane sakabehing roh, supaya kita kepareng urip?
10
Bapa kita matrapi kita mung sawatara mangsa miturut apa bae kang kaanggep becik, nanging Panjenengane anggone matrapi kita iku murih becike, supaya kita kapanduman kasucene.
11
Sarupaning patrapan iku samangsa lagi kaparingake pancen ora mbungahake, malah nyedhihake. Nanging sateruse banjur metokake wohing kayekten kang njalari tentrem marang wong-wong kang wis padha kalantehake ing bab iku.
12
Mulane kencengna tangan kang lemes sarta dhengkul kang keklok;
13
sarta jejegna lakune sikilmu, supaya kang pincang aja nganti kongsul, nanging dadi waras.
14
Padha ngudia rukun karo sakabehing wong, sarta ngaraha marang kasucen; jalaran tanpa kasucen siji bae ora ana kang bakal ndeleng Gusti Allah.
15
Padha diawas aja nganti ana sing ngoncati sih-rahmate Gusti Allah, supaya aja nganti ana oyod pait kang thukul, kang nuwuhake rerusuh sarta kang njemberi wong akeh.
16
Aja ana kang laku jina utawa kang nduweni pepenginan kang asor kaya Esau, kang ngedol wewenange dadi pambarep diurupake pangan sapiring.
17
Jalaran kowe padha sumurup, manawa sawuse mangkono, nalika arep nampani berkah, ditampik, sabab ora oleh wewengan kanggo ndandani kaluputane, sanadyan anggone ngupaya kanthi mbrebes mili.
18
Amarga kowe ora padha marani gunung kang bisa kagepok sarta geni kang mulad-mulad, tuwin pepeteng alimengan lan lesus,
19
unine kalasangka apadene unining swara, kang ndadekake para kang krungu nganti padha nyuwun, supaya aja nganti dipangandikani maneh,
20
awit padha ora betah ngrungokake dhawuh iki: “Dalah kewan manawa ana kang nggepok marang gununge, iku kudu dibenturi watu.”
21
Sarta tetingalan iku nggegirisi banget, nganti Nabi Musa ngandika: “Aku giris lan gumeter.”
22
Nanging kowe wis padha cedhak karo gunung Sion, karo kuthane Gusti Allah kang asipat gesang, Yerusalem kaswargan sarta karo golonganing malaekat maewu-ewu, sawijining kumpulan kang rame nyenengake,
23
sarta karo pasamuwane para pambarep, kang jenenge wus padha katulisan ana ing swarga, sarta karo Gusti Allah, kang ngadili sakabehing wong, sarta maneh karo rohe para wong mursid kang kasampurnakake,
24
sarta karo Gusti Yesus, Pantawise prajanjian kang anyar, lan karo rah pangepyuran kang wicarane luwih cetha tinimbang karo getihe Habel.
25
Dipadha prayitna, supaya aja padha nampik marang Panjenengane, kang medharake pangandika. Jalaran manawa wong-wong kang nampik marang Panjenengane kang nglairake pangandikane Gusti Allah ana ing bumi iku, ora bisa oncat, apamaneh kita, manawa kita nyingkur marang Panjenengane, kang ngandika saka ing swarga.
26
Ing nalika samana swarane nggonjingake bumi, nanging samengko Panjenengane maringi prasetya: “Ingsun bakal ngoregake sapisan engkas ora ngemungake bumi bae, malah langit uga.”
27
Tetembungan “sapisan engkas” iku nuduhake owah-owahane samubarang kang bisa digonjingake, kaya apa kang katitahake, supaya tetepa samubarang kang ora bisa gonjing.
28
Kang iku, sarehne kita padha nampani nagara kang ora bisa gonjing, payo padha ngaturake panuwun lan padha ngabekti marang Gusti Allah, miturut cara kang kakarsakake, kanthi hurmat lan wedi-asih.
29
Sabab Gusti Allah iya asipat geni kang gawe gosong.











IBRANI 12:1
IBRANI 12:2
IBRANI 12:3
IBRANI 12:4
IBRANI 12:5
IBRANI 12:6
IBRANI 12:7
IBRANI 12:8
IBRANI 12:9
IBRANI 12:10
IBRANI 12:11
IBRANI 12:12
IBRANI 12:13
IBRANI 12:14
IBRANI 12:15
IBRANI 12:16
IBRANI 12:17
IBRANI 12:18
IBRANI 12:19
IBRANI 12:20
IBRANI 12:21
IBRANI 12:22
IBRANI 12:23
IBRANI 12:24
IBRANI 12:25
IBRANI 12:26
IBRANI 12:27
IBRANI 12:28
IBRANI 12:29






IBRANI 1 / IBR 1
IBRANI 2 / IBR 2
IBRANI 3 / IBR 3
IBRANI 4 / IBR 4
IBRANI 5 / IBR 5
IBRANI 6 / IBR 6
IBRANI 7 / IBR 7
IBRANI 8 / IBR 8
IBRANI 9 / IBR 9
IBRANI 10 / IBR 10
IBRANI 11 / IBR 11
IBRANI 12 / IBR 12
IBRANI 13 / IBR 13