A A A A A

ESTER 3:1-15
1. Sawuse lelakon kang kasebut ing dhuwur mau, Sang Prabu Ahasyweros njunjung Sang Haman bin Hamedata, turune Agag, diunggahake pangkate lan kalenggahane katetepake, ngungkuli sakehing para panggedhe kang ana ing ngarsane Sang Nata.
2. Lan sakehing para abdine Sang Prabu kang ana ing gapuraning karaton padha tumungkul sujud ana ing ngarsane Sang Haman mau, amarga pancen mangkono iku prentahe Sang Prabu, nanging Mordekhai ora tumungku sujud.
3. Para abdine Sang Prabu kang ana ing gapuraning kraton, banjur padha ngucap marang Mordekhai: “Punapaa dene panjenengan kok nerak dhawuhipun Sang Prabu?”
4. Sarehne Pak Mordekhai bola-bali dikandhani mangkono saben dina, meksa ora ngrewes, mulane wong kabeh mau tumuli padha matur marang Sang Haman, arep weruh apa pratingkahe mangkono iku bisa kalestarekake, awit Mordekhai mau wus tutur, yen dheweke iku wong Yahudi.
5. Bareng Sang Haman mirsa yen Pak Mordekhai ora tumungkul sujud marang panjenengane, banjur banget muring-muringe.
6. Nanging Sang Haman nganggep keremehen manawa mung Pak Mordekhai thok kang diarah patine, amarga wus kaaturan uninga, Mordekhai iku bangsa apa. Dadi pangangkahe arep numpes sakehing wong Yahudi, kang tunggal bangsa karo Pak Mordekhai, kang ana ing saindenging karajane Sang Prabu Ahasyweros.
7. Ing sasi kapisan, yaiku ing sasi Nisan, ing taun kang kaping rolase jumenenge Sang Prabu Ahasyweros, wong banjur mbuwang pur -- yaiku undhi -- ana ing ngarsane Sang Haman, arep milih dina karo sasi kang katuduhake: yaiku sasi karolas, sasi Adar.
8. Sang Haman nuli munjuk marang Sang Prabu Ahasyweros: “Wonten sawenehing bangsa ingkang pating slebar saha kapencil ing satengahipun para bangsa ing saindenging karajanipun gusti kawula, saha ingkang adat-tata-caranipun beda kaliyan adat-tata-caranipun sakathahipun bangsa sanesipun. Pranatanipun Sang Prabu ugi boten dipun estokaken, mila boten prayogi kagem Sang Nata, manawi ngendelaken tiyang-tiyang wau anggenipun tumindak makaten kanthi mardika.
9. Ingkang punika manawi wonten keparenging karsa dalem Sang Prabu, mugi wontena serat dhawuh dalem, ingkang suraosipun, supados bangsa wau katumpesa; wasana kawula badhe nimbang salaka sedasa ewu talenta lan masrahaken dhateng para tiyang ingkang nglampahaken ayahan dalem, supados dipun lebetaken ing gedhong rajabrananipun Sang Prabu.”
10. Sang Prabu nuli nglolos sesupe cap saka ing racikane, kaparingake marang Sang Haman bin Hamedata, wong Agag, satrune bangsa Yahudi.
11. Sang Prabu nuli dhawuh marang Sang Haman: “Salaka iku sunpasrahake marang sira, sarta bangsa iku uga sunparingake marang sira, tindakna apa kang sira anggep prayoga.”
12. Para abdi dalem panitra padha katimbalan, -- iku pinuju sasi kapisan tanggal ping telulas, -- banjur padha nulis kaya sapituduhe Sang Haman, ijoane, prentah marang para wakile Sang Prabu, tuwin saben bupati kang mangku wilayah, apadene saben panggedhening bangsa, yaiku marang saben wilayah nganggo tulisane lan marang saben bangsa manut basane, panulise atas asmane Sang Prabu Ahasyweros lan kaecap mawa sesupe cape Sang Prabu.
13. Layange padha kakirimake lumantar pelayangan kilat kasebar marang sakehing wewengkoning karajan, iku padha kadhawuhan numpes lan mateni sarta nyirnakake sakehing wong Yahudi wiwit kang anom tekan kang tuwa, dalah bocah-bocah lan wong wadon, karampungna ing sajroning sadina: iya iku ing tanggal kaping telulas sasi kang kaping rolas -- iya iku sasi Adar -- lan supaya bandha kasugihane karayaha.
14. Turunane layang iku kadhawuhna ana ing sakehing wilayah lan banjur kagiyarna marang sarupaning para bangsa, supaya padha cecawisa ing dina kang wus katemtokake mau.
15. Pelayangan kilat iku tumuli padha mangkat, kalawan kesusu, atas dhawuhe Sang Prabu; dene metune dhawuh mau saka ing beteng kadhaton Susan. Nalika samana Sang Prabu lelenggahan, kaadhep dening Sang Haman sinambi ngunjuk-ngunjuk, nanging wong sakutha Susan iku padha geger.

ESTER 4:1-17
1. Bareng Pak Mordekhai weruh anane lelakon, banjur nyuwek panganggone, tuwin manganggo bagor sarta awu, nuli metu lumaku ana ing satengahing kutha, kalawan sesambat memelas asih kanthi swara sora.
2. Mangkono iku nganti tekan ing ngareping gapuraning kraton, ujer ora ana wong kang kena lumebu ing gapura kalawan manganggo bagor.
3. Ing saben dhaerah kang wus tampa dhawuh undhang-undhange Sang Prabu, wong-wonge Yahudi padha susah banget banjur padha puwasa tuwin nangis sarta sesambat, akeh kang padha turu alemek bagor lan awu.
4. Para cethine Sang Prameswari Ester sarta para abdi liyane tumuli padha ngunjuki uninga, temah Sang Prameswari banget sekel ing galih, banjur ngintuni sandhangan marang Pak Mordekhai supaya dianggoa, sarta ngrucata bagore, nanging ora ditampani.
5. Prameswari Ester tumuli nimbali Hatakh, priyayi abdine Sang Prabu, kang kapatah ngladeni Sang Prameswari, kaweling supaya miterang marang Pak Mordekhai, apa karepe lan apa sebabe mangkono.
6. Hatakh nuli metu nemoni Pak Mordekhai ana ing alun-aluning kutha sangarepe gapurane Sang Prabu,
7. banjur dicaritani dening Pak Mordekhai apa salelakone kabeh, lan mungguh kasaguhane Sang Haman nimbang salaka, bakal kalebokake ing gedhong rajabranane Sang Prabu, minangka bebana tumrap panumpese bangsa Yahudi.
8. Apadene digawani turunane layang undhang-undhang kang wus kawetokake ana ing Susan, bab panumpese bangsa Yahudi mau, supaya kaaturna lan katerangna marang Sang Prameswari Ester. Karomaneh panjenengane diaturi marak marang ngarsane Sang Prabu nyuwun palimirma lan mbelani bangsane.
9. Hatakh banjur lumebu lan ngaturake bab piwelinge Pak Mordekhai marang Sang Prameswari Ester.
10. Nanging Prameswari Ester banjur dhawuh marang Hatakh, supaya matur marang Pak Mordekhai:
11. “Sakathahing para abdinipun Sang Prabu sadaya dalah tiyang ing sakathahipun dhaerah wewengkonipun Sang Prabu sadaya sampun sami sumerep, bilih tumrap sinten-sintena, jalera estria, ingkang seba dhateng ngarsanipun Sang Prabu ngantos dumugi ing plataran nglebet, boten sarana dipun timbali, namung wonten undhang-undhang satunggal ingkang tumindak: inggih punika paukuman pejah. Namung manawi Sang Prabu karsa ngathungaken jungkating kaprabon kancana dhateng tiyang punika, tiyang punika tetep gesang. Lan salebetipun tigang dasa dinten punika kula boten katimbalan marek ing ngarsanipun Sang Prabu.”
12. Bareng piwelinge Sang Prameswari Ester dikandhakake marang Pak Mordekhai,
13. Pak Mordekhai banjur akon matur marang Prameswari Ester mangkene: “Panjenengan dalem sampun kagungan panginten, bilih badhe oncat piyambak saking antawisipun tiyang Yahudi, dumeh panjenengan dalem wonten ing karaton.
14. Sebab sanadyan ing wekdal punika panjenengan dalem namung kendel kemawon, mesthi badhe wonten pangluwaran sarta pitulungan saking tiyang sanesipun tumrap tiyang Yahudi, dene panjenengan dalem sakulawarga dalem badhe sami tumpes. Sinten ingkang mangretos, bokmanawi inggih tumuju dhateng ing wekdal ingkang kados sapunika punika anggen panjenengan dalem angsal kalenggahaning prameswari.”
15. Ing kono Sang Prameswari Ester dhawuh ngaturi wangsulan marang Pak Mordekhai mangkene:
16. “Sumangga sampeyan nglempakaken sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing Susan; kula sami sampeyan siyamaken, sampun nedha lan ngombe rinten dalu, ngantos tigang dinten dangunipun! Rinten kalayan dalu. Kula kaliyan para cethi kula ugi badhe siyam; dene sasampunipun, sanadyan kula nerak angger-anggeripun, Sang Prabu, kula badhe marak ing ngarsanipun Sang Prabu; manawi kula kapeksa pejah, kajengipun kula pejah.”
17. Pak Mordekhai tumuli lunga lan nglakoni apa sapiwelinge Sang Prameswari Ester mau.

JABUR 89:46-52
46. Dinten enemipun sampun Paduka celakaken; piyambakipun Paduka krukubi klayan kawirangan. (Selah)
47. Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun anggen Paduka tansah wonten ing pasingidan, sarta anggenipun bebendu Paduka mulad-mulad kados latu punika?
48. Paduka mugi karsaa ngengeti menggah gesang punika sapinten ta dangunipun, punapa tanpa damel anggen Paduka nitahaken sakathahing anakipun manungsa punika?
49. Tiyang gesang ingkang pundi ingkang boten badhe ngalami pejah, ingkang saged nguwalaken nyawanipun saking pamisesaning jagadipun tiyang pejah? (Selah)
50. Dhuh Pangeran, pundi sih-susetya Paduka ingkang sakawit, ingkang Paduka janjekaken dhateng Dawud mawi supaos demi kasetyan Paduka punika?
51. Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa ngengeti bilih abdi Paduka dipun wewada, saha bilih kawula nandhang pangerang-erangipun para bangsa wonten ing salebetipun manah kawula,
52. ingkang dipun ucapaken para mengsah Paduka, dhuh Yehuwah, ingkang kalairaken kangge memada tindak-tandukipun jebadan Paduka.

WULANG BEBASAN 22:7-8
7. Wong sugih nguwasani para wong miskin, lan sapa kang utang, dadi bature kang motangake.
8. Wong kang nyebar kaculikan bakal ngeneni pakewuh, temah gitiking nepsune bakal lebur.

RUM 3:1-31
1. Yen mangkono, apa ta kaluwihane wong Yahudi, lan apa ta paedahe tetak iku?
2. Akeh banget lan warna-warna, kang dhisik iki: Sabab wong mau padha dipitayani pangandikane Gusti Allah.
3. Dadine kapriye, manawa ana ing antarane wong-wong mau ana kang ora setya, apa bab anggone ora setya mau bisa njalari wurunging prasetyane Gusti Allah?
4. Babar pisan ora! Malah kosokbaline: Gusti Allah iku asipat bener, lan manungsa kabeh padha dora cara, kaya kang katulisan, wiraose: “Supados Paduka kacihna manawi leres ing sapangandika Paduka, saha Paduka unggula manawi dipun hakimi.”
5. Nanging manawa duraka kita iku nelakake kabeneraning Allah, banjur apa kang bakal padha kita kandhakake? Apa Gusti Allah padha kita anggep ora adil yen ta ngetingalake anggone bendu? -- Calathuku iki cara manungsa. --
6. Mesthi bae ora! Yen mangkono kapriye Gusti Allah anggone arep ngadili jagad?
7. Nanging manawa setya tuhune Gusti Allah iku marga saka gorohku malah sangsaya cetha banget temah njalari kaluhurane, yagene aku kok isih diadili maneh padha kaya wong dosa?
8. Rak iya ora bener, ta, panacade wong kang kandha, yen kita padha duwe ujar mangkene: “Payo kita padha nglakoni panggawe ala supaya bisaa thukul kang becik saka ing kono. Wong kang kaya mangkono iku wis samesthine tampa paukuman.
9. Kang iku kapriye? Apa kita luwih onjo katimbang karo wong liya? Babar pisan ora! Sabab ing ngarep rak wis kita dakwa, wong Yahudi lan wong Yunani iku padha kawengku ing dosa kabeh,
10. iya kaya kang wus katulisan, wiraose: “Ora ana wong kang bener, siji bae ora ana.
11. Ora ana wong siji-sijia kang duwe budi, ora ana wong siji-sijia kang ngupaya Gusti Allah.
12. Kabeh wong padha nyleweng, kabeh tanpa guna, ora ana kang gawe becik, siji bae ora ana.
13. Gurunge iku kaya kubur menga, ilate dianggo nyenyidrani, lambene ngemu wisa.
14. Cangkeme kebak pangipat-ipat.
15. Entheng sikile yen arep ngwutahake getih.
16. Karusakan lan kasrakatan ana ing dedalane,
17. lan dalaning tentrem-rahayu ora disumurupi;
18. padha ora duwe wedi asih marang Gusti Allah.”
19. Nanging kita padha sumurup, yen kabeh kang kamot ing kitab Toret iku katujokake marang wong-wong kang kawengku ing angger-anggering Toret, supaya wong kabeh padha kabungkem cangkeme, lan sajagad kabeh iki kena kapatrapan ing paukumane Gusti Allah.
20. Sabab siji bae ora ana wong kang kabenerake ana ing ngarsane Gusti Allah marga saka anggone netepi angger-anggering Toret; awit malah iya marga saka angger-anggering Toret iku wong padha nyumurupi dosa.
21. Balik ing saikine, tanpa angger-anggering Toret, kaya kang kapratelakake ing kitab Toret lan kitab-kitabe para nabi, kabeneraning Allah iku wus kalairake,
22. yaiku kabeneraning Allah kang awit saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus tumrap kabeh wong kang padha pracaya, awit ora ana beda-bedane.
23. Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah,
24. lan padha kabenerake kanthi lelahanan awit saka sih-rahmate lumantar panebuse Sang Kristus Yesus.
25. Panjenengane wus dipesthekake dening Gusti Allah dadi srananing karukunan, awit saka pracaya marang rahe. Bab iki katindakake kagem ngatingalake kaadilane, sabab Panjenengane wus ngendelake dosa-dosa kang wus kapungkur ing wektu kasabarane Gusti Allah.
26. Karsane yaiku kagem ngatingalake kaadilane ing jaman saiki, supaya tetelaa manawa Panjenengane iku bener, lan uga mbenerake wong kang pracaya marang Gusti Yesus.
27. Yen mangkono, apa dhasare gumunggung? Ora ana. Banjur manut waton apa? Apa wewaton panggawe? Ora, nanging wewaton pracaya.
28. Marga kita yakin, yen manungsa iku anggone kabenerake awit saka pracaya, ora marga saka anggone netepi angger-anggering Toret.
29. Karomaneh Gusti Allah iku apa mung dadi Gusti Allahe wong Yahudi bae? Apa Panjenengane iku dudu Gusti Allahe bangsa-bangsa liyane uga? Iya, Panjenengane iya dadi Gusti Allahe bangsa-bangsa liyane uga.
30. Tegese, manawa Gusti Allah iku siji, kang bakal mbenerake wong kang padha tetak awit saka pracaya, lan wong kang padha ora tetak iya awit saka pracaya.
31. Yen mangkono apa aku padha mbatalake angger-anggering Toret awit saka pracaya? Babar pisan ora. Aku malah padha njejegake.